Kaserat dining : Ihsanuddin
Harianindonesiapost.com
Sekar jagat
Kang isine alam qodrat
Qodrat lan iradat
Ing pangruwate kang akaryo jagat
Manungso sadermo ngelampahi
Purbo Waseso alam iki
Olo becik pungkasane
Mung gumantung manungsane
Lelampahe manungso
Lamun biso anuladyo
Ing guru nabine
Bakal tentrem panguripane
Duh Gusti......
Sejatosipun kawulo isin kalian badan kawulo piyambak
Badan kawulo Saras bregas.
Rinten dalu kawulo taksih saget kumpul-kumpul konco
Wonten peken
Wonten toko
Wonten warung kopi lan lintu-lintunipun.
Urusan ndonyo kados-kados taksih saget kawulo ayahi sedoyo
Ananging ebo kuciwanipun manah puniko
Naliko Panjenengan paring pacoban engkang arupi Corona
Sedoyo kahanan sami bibrah
Sedoyo kuwajiban kados mboten saget kalampahan kanti sampurno amargi katah masjid lan musholla engkang dipun gembok
Duh Gusti..
Lajeng nopo jawab kawulo mbenjang naliko Panjenengan pitaken ;
*فبايءالاءربكماتكذبان*؟؟؟
Duh Gusti..
Saestu kawulo sampun dholimi badan kawulo piyambak
Pramilo , bilih Panjenengan mboten welas lan paring pangapunten dumateng kawulo
Estu kawulo klebet tiyang dholim.(Sudono Syueb/ed)
"Ihsanuddin@13052020.
0 Comments