Naliko Amun-Amun nyebar lng Lumaheing Bumi
Thursday, March 19, 2020
Edit
Oleh: lhsanuddin
(Alumni Ponpes YTP, Kertosono)
Harianindonesiapost.com Naliko amun amun nyebar ing lumaheing bumi
Geger wong sak ndonyo Rino wengi
Wujudmu Tan biso ditingali
Lembut alus ning nggegirisi
Ojomaneh mung manungso remeh
Najan wong pinter akeh sing podo nyleneh
Mumet koyo gabah den interi
Bete'e mung bingung lan Wedi mati.
Amun-amun kang nyebar ing lumahing bumi
Mijilmu Soko Negoro china
Wujudmu lebut nggegirisi
Kang kasebut virus Corona
Eling eling poro manungso
Kabeh mau kalebu cubo
Soko Gusti Panembahanmu
Kanggo ngukur pangabektimu
Mulo kang ati-ati
Ojo podo ngaku paling bener
Lamun amung nuruti ati
Tembene malah keblinger
Ikhtiar lan sabar solusine
Shalat lan tawakal wekasane
Iman taqwa ojo ngantik ucul
Insyaallah panuwunmu Maqbul.