WAYAH PAREK ESUK
Wednesday, August 14, 2019
Edit
Oleh Murib Ilham
(Alumni Ponpes YTP dan UINSA, Surabaya)
Editor: Sudono Syueb
Harianindonesiapost.com Naliko pitik jago podho keluruk
Lintang panjer rino wus sumunar
Madhangi langit sisih wetan kang isih ngantuk
Kuwi pratondho wayah parek esuk
Wayah ngono kuwi enak e wong turu
Hawane anyep gembrigil koyo banyu salju
Opo maneh mongso rendeng udan remes-remes wengi tekan rino
Ndadek-ke kemul selimut podo dirapetno
Elingo kuwi ngono wayah mustajabah
Kang becik enggal nggelar sajadah
Madep sujud, ndedungo marang gusti kang paring rahmah
Mugi kaparingan gesang dunyo akhirat ingkang bungah
Ing wayah parek esuk Guti Allah mudhun ing langit dunyo
Nyedhaki poro manungso
Mbuka lawang thobat ombo dowo
Bakal paring pengapuro sekabihaning duso
Marang wong kang gelem thobat lan nyuwun pengapuro
Ugo Malaikat sak kloron saben esuk mudun ing bumi
Salah suwijine dedungo mugo wong kang loman sedekah entuk ganti
Suwijine kang liyo ugo dedungo muga bangkrut wong kang bahil medit ra entuk bathi
Mulo dadiyo wong kang becik ati
Poro Malaikat bakal migati
Sopo wong kang becik bakal kethitik
Sopo wong kang olo bakal kethoro lan ciloko
Probolinggo, 14 Agustus 2019
Bakda shubuh