Oleh: Murib Ilham
(Alumni Ponpes YTP dan UINSA, Surabaya)
Editor: Sudono
Harianindonesiapost.com Cah ayuuu...
Jarene arep nang gonku..
Tak enteni kawit mau
Kok ora metu metu
Opo pancen dicegah wong tuamu
Ora entuk methui aku...
Cah ayu....
Kuwe sing tak trisnani
Rino wengi tansah kegowo ngimpi
Kapan kuwe lan aku iso sawiji
Runtang runtung koyo muntuno lan mimi
Mripat iki tansah kebayang seliranmu
Dodo iki kebak kangen lan rindu
Ati karonto-ronto kepingin ketemu
Ing ngisor barongan kidul Deso iku
Naliko semono kuwe nate janji
Bakal urep bareng, seneng soro dilakuni
Masio mung mangan sak piring dikaroni
Asal setio lan podo tresnane
Nangin jebule kuwe suloyo
Mung ing lambe wae janji setio
Ing jero hati kuwe cidro
Dadikno aku urep nelongso
Wis dadi nasipe awakku
Mendem roso marang wanito
Ora katekan opo seng tak sejo
Mung penjaluku cah ayu...
Mung aku wae seng dadi kurbanmu
0 Comments