By : IHSANUDDIN
Harianindonesiapost.com Wolak-walik e jaman
Manungso akeh podo klabaan
Ora mung bab pangan
Ugo ora bab penggawehan
Wong laki-rabi yo kangelan
Koyo contone si Maman Iki.
Rino wengi nyambut gawe nggo bondo rabi
Nangeng ebo kuciwane
Naliko si Maman nglamar calon sisihane.
Maman ; "Kulo nuwun pak, Kulo Maman, tebih saking Paciran ndugi Morocalan puniko mboten sanes nuruti krenteking manah, ibarat kumbang engkang nyumurupi bokbilih ten ngriki wonten Sekar arum engkang endah wujutipun .
Pramilo bilih wonten renane penggalih, Kulo nyuwun dumateng panjenengan, sageto kang putri puniko dados gandengan Kulo gesang".
Pak To,camer : "Sek.. sek.. sek, cekak aose sampean adoh tekan Paciran Nang Morocalan iki nduwe karep nglamar ngono to ...?".
Maman : "Injih pak ..."
Pak To,camer : "Opo nang Paciran ora ono bocah wadon, nganti sliramu adoh-adoh mrene..?"
Maman : "Njih wonten pak, malah katah.."
Pak To,camer : "Lha opo o sampean kok ora nglamar bocah wadon seng omahe cedak Paciran whae, malah adoh-adoh mrene...?"
Maman : "Kulo sampun kebacut tresno kalian putri panjenengan pak"
Pak To,camer : "Ngene Yo nak, ora ono niat bapak nolak lamaran sampean, nangeng opo sampean ora tau nonton medsos, manwo Saiki iki ono Zonasi pernikahan ?"
Maman : "Maksud ipun menopo niku pak.....?????"
Pak To,camer : "Ngene lo nak.., sampean ora oleh langsung nglamar bocah wadon kang omahe adoh karo deso sampean, dadi sampean kudu nglamar bocah wadon kang cedak omah sampean utowo Tonggo deso".
Maman : Lha dasaripun menopo pak..? toh mestinipu kito niku bebas milih sintenke mawon dados pendamping kito.......?"
Pak To,camer : "Yo bener, iku biyen..., tapi iki ono wolak-walik e jaman, mulai tahun iki ono undang-undang Zonasi pernikahan , hasil kongres Ikatan Calon Mertua Indonesia (ICMI) nang Mego mendung, ing kono mutusake anane Zonasi pernikahan, . mulo sampean ora oleh nglamar bocah wadon kang ono njabane Zonasi."
Maman : "Wah, pripun Niki pak, Kulo sampun kebacut tresno kalian putri njenengan...???!"
Pak To,camer : " Iki ono peluang , ning mung setitik banget".
Maman : "Nopo niku pak ..?"
Pak To,camer : "Jalur prestasi",
Maman : "Menawi mekaten Kulo bade nempuh jalur prestasi pak..".
Pak To,camer : "Sampean nduweni prestasi opo nak..?"
Maman : Prestasi *Miyang Mayang + ayum-ayum jaring..."
Pak To,camer : "Yowes , ora po po, nangeng kudu oleh rekomendasi soko ICMI disik lo nak...".
Maman : ?! ?! ?! ?! ?!........
Pengen berkembang biak ae kok Yo repoooot....
***
Sepurane , guyonan, timbang spaneng ... he he he he..
0 Comments